Skip to main content

Posts

Showing posts with the label basa

Materi Basa Rinengga

Materi Basa Rinengga MATERI : BASA RINENGGA       Basa jawa iku sugih basa rinengga, awujud wedharing gagasan lesan utawa tulisan kang karengga-rengga, ditulis amrih katon endah. Jinise basa rinengga iku akeh mula ora kabeh basa rinengga diwulangake ing piwulang iki. Basa  rinengga lumrahe dienggo ing buku-buku sastra, tembang, geguritan, ing wayang purwa, wayang wong, kethoprak lsp. Malah wektu iki akeh wong padha nggilut basa rinengga ing kursus-kursus sesorah utawa pranatacara. Basa rinengga bisa uga awujud tembung saroja, tembung entar, tembung garba. Carane macak utawa majang basa rinengga kang wigati ana werna lor o 1.     Migunakake  undha usuke basa kang baku, jangkep , kang akeh nganggo basa  krama alus. 2.     Milih tembung-tembung kang dirasa luwih endah,kayata : a.     Tembung baku dudu tembung pacelathon b.     Tembung basa jawa deles, dudu tembung saka basa manca. c. ...