Materi Basa Rinengga MATERI : BASA RINENGGA Basa jawa iku sugih basa rinengga, awujud wedharing gagasan lesan utawa tulisan kang karengga-rengga, ditulis amrih katon endah. Jinise basa rinengga iku akeh mula ora kabeh basa rinengga diwulangake ing piwulang iki. Basa rinengga lumrahe dienggo ing buku-buku sastra, tembang, geguritan, ing wayang purwa, wayang wong, kethoprak lsp. Malah wektu iki akeh wong padha nggilut basa rinengga ing kursus-kursus sesorah utawa pranatacara. Basa rinengga bisa uga awujud tembung saroja, tembung entar, tembung garba. Carane macak utawa majang basa rinengga kang wigati ana werna lor o 1. Migunakake undha usuke basa kang baku, jangkep , kang akeh nganggo basa krama alus. 2. Milih tembung-tembung kang dirasa luwih endah,kayata : a. Tembung baku dudu tembung pacelathon b. Tembung basa jawa deles, dudu tembung saka basa manca. c. ...